Wasssalamualaikum Wr. Wb.
Contoh Teks Pranatacara Acara Ulang Tahun
Assalamualaikum.wr.wb
Kepareng dhumateng Bapak Kepala SMA ……. ingkang dahat kinabekten. Bapak/Ibu Guru, karyawan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X,XI saha XII ingkang kula tresnani.
Sumangga ingkang kapisan kula lan panjenengan sedaya tansah manungku puji miwah puji syukur dhumateng Allah SWT awit sampun maringaken berkah pengestu dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga saged kempal manunggal wonten ing papan menika.
Salajengipun kepareng kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang bade kito lampahi :
1. Purwaka
2. Atur Pambagyaharja
3. Atur Pangandikan saking Ketua Osis
4. Atur Pangandikan saking Kepala Sekolah
5. Dhahar sesarengan
6. Ndonga sesarengan
7. Wasana
Mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan, salajengipun kesekecakaken lenggah dumugi paripurnaning adicara.
Ingkang kapisan, mangga kita panjenengan sedaya purwakani adicara menika dening waosan basmalah. Kula ndherekaken. Matur nuwun, dhumateng panjenengan sedaya amargi sampin kersa purwakani adicara menika dening waosan basmalah.
Salajengipun atur pambagyaharja saking Kasiswaan Bapak Bambang Utoro. Bapak Bambang Utoro kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Bmbang Utoro ingkang sampun kersa atur pambagyaharja.
Salajengipun, atur pangandikan saking Kang Mas …….. minangka Ketua Osis. Kang Mas …… kula sumanggakaken. Matur nuwun dening Kang Mas …… ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.
Salajengipun, atur pangandikan saking Bapak Joko minangka Kepala Sekolah. Bapak Joko kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Joko ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.
Salajengipun, mangga panjenengan sedaya dhahar wonten Aula SMA ……..
Salajengipun, mangga kita lan panjenengan sedaya ndonga sesarengan ingkang badhe dipundhereaken dening Bapak Sumarsono. Bapak Sumarsono, kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Sumarsono, amargi sampun ndherekaken ndonga sesarengan menika.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika wasana. Kula minangka pranatcara nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi kula kathah kalepatan.
Sumangga kita pungkasi adicara menika dening waosan hamdallah. Kula ndherekaken. Matur nuwun.
Wassalamualaikum.wr.wb
Contoh Teks Pranatacara Adicara Pengantin
Assalamu alikum Wr. Wb.Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten…….ingkang tansah suko basuki.
Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.
Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.
Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus … bin …kalian Raden ajeng Roro … binti …
Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:
- Adicoro Pambuka
- waosan pustoko suci al Qur’an
- Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
- Istirahat
- wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
- Doa-Penutup
Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah.
Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.
Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening …. wekdal soho panggenan kaaturaken.
(pembacaan ayat al Quran)
Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten … ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun
(Pasrah Manten)
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak…. bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak…..kaaturaken.
(shohibul Bait)
Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu.
Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.
Cukup Sekian dari KataZaid, Wassalamuallaikum.
Sumber: ngudang.blogspot.com, dan katalagi.com.
Keyword: pranatacara ulang tahun anak, teks pranatacara manten, teks pranatacara manten singkat, pranatacara ulang tahun, pranatacara bahasa jawa pernikahan, kumpulan pranatacara bahasa jawa, pranatacara bahasa jawa singkat, pranatacara mantenan singkat